-->

Pengertian dan Contoh Geguritan dalam Bahasa Jawa

Pengertian Geguritan dalam Bahasa Jawa

Pengertian dan Contoh Geguritan dalam Bahasa Jawa

Geguritan yoiku: miturut kamus, geguritan iku uran uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu ora ajek, dene miturut subalidinata (1994:45). Geguritan yakuwi iketaning basa kang memper syair.

Baca juga: Pengertian, Struktur, dan Parafrase Geguritan

Anggone Maca Geguritan kang Apik

Bab-bab kang perlu digatekake supaya anggone maca geguritan apik,yaiku;

Geguritan kudu wis diwaca bola bali

Irama utawa lagune kudu bener

Swarane kudu los (lepas)

Ekspresi utawa mimik kudu trep

Endahing geguritan iku dumunung ing reroncening tembung-tembung kang dipilih, kang bisa nuwuhake wirama menawa diwaca.

Contoh geguritan singkat:

SEGA KENDURI

Ngger anakkuaku tak kandha

Coba dirungu la dirasa

Delengen sega kenduri iki

Biyen dadi pangan kang aji

Nalika bapak isih cilik

Sega iki tanah dirayah

marga jaman emana larang upa

ora saben dina muluk sega


Beda karo saiki

Sega kenduri ra diajeni

Mangka sega iki mberkahi

Diwenehke kanthi ikhlasing ati

Mula ya ngger. . . .

Sega iki aja dingo dolanan

yen pacen gelem ayo dipangan

Dene yen gemang pasrahna liyan

Kareben sega iki kepangan


PAHLAWANKU

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku  

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha

Semana gedhene bektimu

Jiwa raga, bandha donya

Tanpa sisa

Amung siji pangajabmu

Merdika


SEGARA AYU

(Hisyam Z)


Bener, pener, yekti

Sliramu dadi seksi

Seksi pahlawan sejati

Pahlawan mulih aran awit bekti


Awit mangku jejibahan

Tugas luhur, jujur ing palagan

Ngemban amanat Trikora ayahan

Segara Aru biru lugu blak-blakan


Ngemu madu

Maduning bangsa satuhu

Kang Asma Yos Sudarso iku

Korban jiwa raga ing Segara Aru


Ludira kang wekasan

Kanggo nebus Irian

Yos Sudarso gugur kalayan

Asmanya misuwur ing bebrayan


Sliramu Aru

Seksi lugu

Seksi bisu

Satuhu baku


MERAPI

(Puthu Aryana)


Merapi...

Saka kadohan katon gagah

Asep putih ndedel ing awiyat

Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Hyang Bagaskara


Merapi...

Saumpama kowe bisa crita

Kabeh kadadean ing tanah Jawa

Wiwit jaman Mataram Kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta


Merapi...

Sliramu anyekseni kridhaning bangsa

Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda

Jaman mardika jaman Soekarno

Nganti jaman Soeharto

Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo

Merapi dadi saksi


KEMBANG MLATI

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa


Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


API ABADI MRAPEN

(R. Tantiningsih)


Latu kuwi, tansah murub

Ora nggubris kiwa tengene

Nadyan digrujug tirta

Nadyan maruta padha teka

Nanging latu kuwi ora surut


Latu kuwi, tansah murub

Kaya latu kang ana jero ati

Angel dipateni lan angel diadhemake


Latu kuwi, tansah murub

Ing mrapen dununge

Ninggal sejarah

Kanggo anak putu


KITIR

(Sumono Sandy Asmon)


Kitir iki

Isi panantangku marang wengi

Sing kebacut anggone nguja sepi

Dolanan swarane asu baung nggeririsi


Kitir iki

Wujud pangundhamanaku marang awang-awang

Sing kebacut brangasan

Ngrentengi lintang, nguntal rembulan


Kitir iki

Srana gugatku marang isen-isening jagad

Sing pijer royokan brekat

Tan keguh njaluk ruwat


KORAN

(Harum Sunya Iswara)


Taktunggu tekamu

Saben dina ing omahku

Kabar kang daktunggu

Saka awakmu

Nambahi wawasanku

Mosak-masike donya

Maju mundure negara

Minangka warta

Koran minangka alat komunikasi

Kang kudu diwerdi

Mula ora ketinggalan informasi


WUTAH GETIHKU

(Mahardono Wuryantoro)


Gumelar jembar bumi asri

Sumunar sumringah sunare bagaskara

Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara

Bumi pusaka wus kawentar

Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani

Wutah getihku daktresnani


Kawulamu....

Guyub rukun anambut kardi

Jeroning swasana tentrem lan mardika

Gilig ing tekad manunggal

Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun


Aku lila....

Korban jiwa raga kanggo bumiku

Nadyan awak ajur dadi sawur

Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi

Labet raharjaning nagara


Lumantar iki....

Isining atiku ginurit

Prasetyaku thukul saka ati kang tulus

Njaga langgenging kamardikan

Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku


LINDHU

Lara ati nemu plataran kabar winedhar

Embuh endi sing marahi lara tanpa tamba

Dene batin isih adreng ngawruhi

Dene urip kepengin ngemonah pikir

layak-layak dene gegambaran sing den-ukir

Mujudake sesanggeman saka wirayat gumingsir


Lindhu netepake gumingsire urip

Iya sadawane nalar, iya sandhuwuring gelar

Natkala sampeyan crita prakara jamang kethiwar

Dene kraton tinilar putra-putrine sing tumabirang

Kari siji geganthan sing singgih

Kaya krikil emas isih sumebar neng taman garing


Iku lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, ireng

Tegal lelateng jrone pararaton muni

Gelung-tekuk wis wudhar, pinjung kemben linukar

Serat-serat kuna pecah dluwange : kraton bedhah

Ambane pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!


O, lindhu ing sukma suwung

O, lindhu kang ngrucat sakabehing pulung

Ing kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!


SEPI

Iki sepine sopo?

kathik ono sepi sepo....


langit peteng kagubeng dening mendung....

tanpa angin tanpa wicara...

tanpa lagon tanpa gending...


yen sliramu isih rumongso tresno

gunemu bakal dak anti...

nadyan getir rasaning ati....


sepi....

iki sepine sopo

kathik ono sepi sepo... 


PAMULANGAN

Jare simbah aku kudu sekolah

Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat

Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat


Jare bapak ibu guru aku kudu sinau

Tambah ilmu

Kareben kelakon kabeh kang tinuju


Nanging

prakanca, ….


Coba delengen kahanan  nyata

Apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip  tumata

Pamulangan kang tanpa tuladha

Pamulangan kang kasatan piwulang

Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta

Siji lan siji ana pira?

Jare anut kang duwe kersa

Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama

Lali dosa…

Kabeh lurung binarung kumalungkung

Pamrih pamuji siji

Pamulangan ora aweh pepadang

Simbah,

Nyuwun pangapunten

Kula mboten kepingin dados dokter

Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,

Nyadong duka

Kulo mboten kapilut drajat pangkat

Jalaran ajrih sumpahing rakyat

Kang panggah mlarat sekarat


Bapak ibu guru,

Nyuwun donga pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu


UDAN WAYAH SORE

Udan riwis-riwis nggawa angin gumanti

Ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep

Dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles


Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar

Lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang

Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung

Tak kanthi lakumu tumeka ngendi


Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis

Marakake gawe kekesing ati

Manuk kepodang wus mabur mangulon

Nanging tetep tak tunggu tekamu


JAMAN KOMPUTER


Zamane wis sarwa komputer

Akeh wong padha keblinger

Rodha becakmu tetep munyer

Sarapan sega pecel


Zamane wis sarwa mal plaza

Uripmu panggah nguler kembang

Gethuk tela pendhak rina


Zamane wis sarwa supermarket

Ing desamu pasar pendhak kliwon

Dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon

Golek bati sarepis adus kringet


Zamane wis sarwa satelit

Pacul arit panggah nggegurit

Nggo ngrabuki jagad alit


Zamane wis sarwa edan

Lanang ilang jalere

Wadon ilang wanitane


Dalan Ombak

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu

Lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku

Kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine

Kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar

Sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan

Ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon

Lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna

Tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina


AMBEGAN SEGA KULUBAN

Ambengan sega kuluban dieler ing tampah

Diladekake ing pasamunan

Direncah bebarengan, kroyokan, rebutan


Ambengan sega kuluban

Oora ana sing ngerti duweke sapa

Kejaba dadi pangane wayang , para dhalang

Sing lagi lungguh methingkring


(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)


Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta

Mung kari tampah ngganda amis, angganda amis

Banjur kanggoo bal-balan para buta! 


Kembang Wengi Kembang Bangah


Sliramu kuwi pancen ayu enom tur endah

Senengmu ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah

Eman, ayumu kuwi kena tinuku murah

Ing atising wengi sliramu ora wegah jumangkah

Sineksen abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah

Mbok gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah

Soroh angga liniron redana sliramu pasrah

Mustika aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah

Ing buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…


He kembang bangah, pumpung durung kasep lerena

Tumindakmu sing nistha kuwi uwisana

Galo isih akeh pakaryan sing utama, golekana

Apa kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya

Gumedher umyung gumregut arep padha bareng mbrastha

Pakaryamu kuwi sing dadi ngrembakaning kruma

Virus AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada

Uga sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa

Yen wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga

Oh esemmu sayah… eseme si kembang bangah


WAYAH MAGHRIB

Wancine wis repet-repet peteng

Sang surya sayah sedina muput madhangi jagad raya

Angin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara

Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso

Swarane bocah rame dolanan tan keprungu maneh

Mbarengi swara bedhug masjid tengara mahgriban


Ujug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusu

Ngener nyang omahe bu bidhan

Jarene semahe arep babaran

Temenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi

Amin… negarane tambah jiwa siji

Tegese kebutuhane pawongan mau tambah


Jarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupi

Wiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa

Wigatine maneh ing piyandele

Ing tembene dadiya wong kang sholeh

Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane

Umat lanang wadon tuwa enom

Padha sujud sangandhape pepadane Gusti


Bubar Mahgrib kendhuren-manten

Dening Pak Sastro wis diangen-angen

Dianam ing batin sataun kepungkur

Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putra

Kang kakudang-kudang ing tembene

Dadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhah

Saged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh


Dumadakan keprungu swara tangise jejeritan

Mbah Soma kang wus yuswa sewidak

Katimbalan ing Gusti ingkang akarya jagad

Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un

Katampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane


Lelakone jantraning Bawana

Manungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdir

Ing wayah Mahgrib

Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya

Ana kang lagi palakrama

Ana uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti

Amin


SEDYAKU

Wis, Jeng…

Aku sumeleh

nyelehake pangarep-arepku

marang katresnan lan kawigatenmu sing semu

yen nyatane amung semene

cunthele lelakonku…


Pepenginku tansah sumandhing

lan nresnani sliramu

kudu dakprunggel

sing luwih wigati, Jeng

donga lan pengestumu wae

tansah mili kanggo aku


Wis, Jeng

aku pamit

becik njembarake pikir

nggayuh kabegjan

mring ati lan katresnan satuhu

tan ora binagi ing liyan

sempurna ing guritan siji…


CRITA SAKA MANCA

Ing papan sarwa salju, aku

Ngangen-angen lawang gubug binuka

Ana bedhiyang lan lincak


Nanging wis kebacut dadi salju

Guritan apadene kekarepan

Nglinthing bareng tumiyupe angin

Nunjem-nunjem dom periih

Sadawane wengi


Kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi

Sing durung kober kababar unine prasasti


BABAD WEDHI PESISIR

Sorene sore jingga

Wengine wengi biru

Kembang pandhan mesem marang mbulan

Tangane ngawe-awe sajak kemayu

Apa hiya iki dayane layang atimu

Sing jare bakal ditulis kalane ijen

Lan sendhang mung amping-ampingann jendhela

Sing wengi iki isih panggah binuka?


Biyen aku nate apal gojegmu

Kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan

Ing lemah suwung pinggire taman

Ora ketang mbalang liring sambi mungkur

Nyamudana wingkis sakehing kekarepan

Nutup kudhuping kekembangan


Iki babad wedhi pasir

Pinaes ganda aruming mawar

Rarasing riris dhadha kumesar


LINTANG-LINTANG


Lintang-lintang abyor ing tawang

Cumlorot sliweran nalika alihan

Kumleyang mencok ing socamu asihku

Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar

Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu


Lintang-lintang alihan

Cumlorot telu ana pundhakku

Kawitan lintang abang lintang perang

Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan

Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene

Saklawase ora nate ketemu

Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi

Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk


Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur

Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih

Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur

Ana cerita rinajut endah


Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku

Pirsanana ana nduwur kae

Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan

Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene


Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen

Simpenen kangenmu ana impen


RON GARING


Wengi sansaya atis

Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

Kang digawa dening angin


Prasasat tan kendhat

Anggonku kulak warta adol prungu

Ananging isih mamring


Aku wis pingin cecaketan

Obormu kang makantar-kantar

Madhangi jangkah lan jagatku


Ana ngendi papanmu

Lelana tapa brata

Tanpa pawarta tanpa swara


Aku kadya ron garing

Kumleyang kabur kanginan

Ing jagat peteng lelimengan


Krasa luwih abot

Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

Mlakuku ora mantep


Kagubet ribet lan ruwet

Adoh saka cahyamu

Pedhut ing sakindering pandulu


Panjenengan

Guruku, sihku, oborku

Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


RERENTENG ALURING PEPUNDHEN

Sunare srengenge esuk ngusap praupane bumi rengka

Tlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepi

Nyawuk bumi-bumi esuk tengahing lembayung labuh

Kumriciking banyu kali Grindulu kang ngranuhi

Dadi tlatah srumbung isih tinunggon pangarep-arep

Wijiling paseksen kang ngantu-antu kaendahan


Ing netra bening esem ngandhut panyuwun

Sedya nuntumake kasetyan kang pinarsudi

Mung eman sasuwenbe sesandhingan tan linair

Kang sinartan lungiting pangarep-arep


Obahing jantra ginawa angin ngulandara

Pangesthine ana pawitan ngupakara dalan lawas


Engga alam ngrayuk sunar srengenge esuk

Pecak jumangkah ngitapak.e rasa rudatin

Kang gimantha amung mekaring panggarjita

Ing kana bakal cinathet ubeng ingering lalakon


SUWUNG

Manuk emprit ilang swiwine

Hamung menclok dhuwur wuwung

Kang suwung

Walang kayu jempalitan

Ngerik ora karuwan

Sajak ngece, sajak ngundhamana

“Sokur kowe, ora iso miber adoh,

Nyepi panjangka, ilang dirgantara “

Manuk emprit hamung meneng

Klep! klakep ........ ati nangis wutah miris

Eluh kececeran nangis sesenggukan

Nek emprit kelangan swiwi

Ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane

Isane hamung menclok dhuwur wuwung

Ndhepipis,ngenteni izrail,

Sing bisa wae awujud tikus, apa kucing .......

Walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,

Sajak ngece, sajak ngundhamana  “ sokur kowe, ora isa miberadoh,

Nyepi panjangka, ilang dirgantara “


ING TELUK PANG-PANG

Nawala ing dak tampa

Patang dina kepungkur

Isih wutuh tansah dak waca

Hanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu

Ngepasi kartika ngancik patbelas dina

Silramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene

Rasaku wis memet

Nggremet-nggremet

Teka ing pikir kang amet

Tansah nunggu

Sliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng

Mbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha

Karo rasa ing pangrasaku,

Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak

Sing tansah setya tuhu marang mangsa

Sing sok geseh, gusuh sing wola-wali iki

Hamung siji panyuwunku

Muga sliramu tansah rahayu memuji gusti

Lan pinayung sih kanugrahaning pangeran

Sesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki


CYBERPUNK

Ing grumbulan pring

Guritku netes

Dadi prenjak kang silih semaur

Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol

Cacing lan tilas sejarah


Guritku .....

Nalika april nyedhak sumur

Nimba ayang-ayang lan ilmu

Gunung mungkur, genah lungkah panyawangmu

Aja ninggal pitakonmu ing lawang

Awit Jibril wis budhal

Awit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir


JANJI SEPI

Dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha

Prasasat isih dawa janjimu

Kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku

Nlusup ing balung sungsum

Angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa

Netramu yen lagi nyawang jagad

Agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara

Ora kuwat nyangga bumi

Ora kuwat ngreksa budi

Angin isih nggoleki aburing kupu

Mangsa rendheng udane nggrejih

Nanging kali durung akeh banyune

Rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke

Ngebaki guwa pertapan asri

Kekidungan dhewe tan kena dipenggak

Kadya lali purwa duksina

Angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi


BETHARA KALA

dening: Sunardi K S


Kama kang nglambrang nalika isih jenaka

Saiki ndedel gedhe dadi bethara kala

Uluk uluk jroning dadha winga winga

Tanpa suwara


Kang katon wicaksana kae jalaran

Kokruket pinangka kanca

Kang pinilih pinercaya

Ngembani panguwasa

Wisa rasa gula


Kama kang nglambrang saparan paran

Dadi memala nuwuhake pageblug

Ndedel mendhuwur comondhok dhada

Keklambrangan sirah

Mlebu metu mripat, irung saha kuping

Nggawe awe nglancipake kuku


Kama kang nglambrang saparan paran

Ndedel dadi bethara kala

Ang dadi memangsane

Ora ateges diklethak saraga balunge


MAMRING

dening: Budhi S


Sepi mamring

Sempah sumpeg peteng

Kesel, ah embuh

Ora weruh ngerti bisu

Nangis sajroning ngguyu

Ngguyu sajroning nangis

Mlaku sajroning mandheg

Mandheg sajroning mlaku


You may like these posts

  1. To insert a code use <i rel="pre">code_here</i>
  2. To insert a quote use <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. To insert a picture use <i rel="image">url_image_here</i>