-->

Teks Anekdot dalam Bahasa Jawa

Pengertian Teks Anekdot

Teks Anekdot dalam Bahasa Jawa

Teks Anekdot yaiku cerita lucu (Ngandhut guyonan) kang bisa nabet ati, isine minangka pasemon, pandhapuke teks adhedhasar prastawa. Teks anekdot iku nggambarake kedadean kang nyata.

Teks anekdot kerep asmane tokoh utawa wong penting. Teks anekdot biasane nduweni topik bab kayanan publik, politik, lan masyarakat. Orang mung awujud crita, teks anekdot uga bisa awujud pacelathon cerkak antarane paraga sajroning crita.

Karakteristik utowo ciri-cirine teks anekdot yaiku:

1. Guyone ngandhot pasemon, weweruh, lan utawa wejangan

2. Isine nyritakake lelakone paraga utowo wong penting

3. Mupangate minangka sarana kritik sosial lan hiburan

Baca juga: Kerjaan Freelance Online

Struktur teks anekdot 

Struktur teks anekdot kasusun saka dening ngisor iki, yaiku:

1. Janturan tegese yaiku andharan umum ing struktur teks anekdot kang nggambarake mula bukaning (asal mula) crita.

2. Pawadan tegese yaiku perangan kang ngadharake pawadaning (latar belakang) crita

3. Prakara tegese yaiku perangan crita kang gambarake kahanan kang gawat, aeng (aneh), utawa janggal (ora lumrah)

4. Tanggapan tegese yaiku panemune paraga marang kahanan kang dumadi

5. Wasana tegese yaiku kahanan pungkasaning crita

Baca juga: Website Freelance Terbaik

Jenis-jenis teks anekdot

Minangka jenis-jenise teks anekdot yaiku

1. Teks Anekdot lisan

Teks Anekdot lisan tegese yaiku tembung kapirid saka wancahan wandane sing diotak-atik supaya mathuk nanging migunakake basa Indonesia

Tuladhane teks anekdot lisan, antarane:

  • Kursi nduweni teges kurang gizi
  • Kerinci (Kenapa rindu ini kau balas benci)
  • Merbabu (Menanti restu Bapak Ibumu)
  • Matematika (Maunya temenan tetapi kasmaran)
  • Palu Kakap (Pacaran melulu, nikah kapan)
  • Puas (Pujian sesaat)

Baca juga: Struktur Teks Bahasa Drama dalam Bahasa Jawa

2. Anekdot Teks

Jenis kedua yaiku anekdot teks, tegese nanging seiring zaman, mulane saiki jenise maneka ragam, kayata:

1. Cerita Anekdot

2. Puisi Anekdot

3. Karikatur Anekdot

4. Meme Anekdot

5. Video Anekdot

6. Teater Anekdot

7. Komik Anekdot

8. Lukisan Anekdot

9. Pantomime Anekdot

10. Film Anekdot

11. Humor Anekdot

12. Anekdot religious

13. Anekdot motivasi


Kaidah kebahasaan 

Kaidah kebahasaan kang dikanggo teks anekdot yaiku:

1. Nggunakake tembung keterangan waktu kepungkur

2. Nggunakake konjungsi

3. Ana panggunaan tembung kriya

4. Urutan acara adhedhasar wektu

5. Nggunakake jinis pitakon retorika, yaiku pitakon ukara sing ora mbutuhake wangsulan

Baca juga: Cara Menghadapi Lingkungan Kerja Toxic

Contoh Teks Anekdot


Ngentutan


Yuk Jah lunga marang dokter amarga wetenge ngentutan.

"Gerah nopo sampeyan, Bu?" Jare dokter.

Yuk jah terus cerito.

"Iki lho dok, wis sak ulan iki aku maleh ngentutan. Sak jam iso peng sepuluh aku ngentut. Cumak untunge entuk nggak mambu ambek nggak ana swarane. Dadhi gak onok seng ngerti. Lha iki pas aku lunggu ndek ngarepe sampeyan ae wes peng telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti to, mergo iku mau entutku gak muni ambek nggak mambu."

"Cumak aku maleh nggak enak dhewe mosok arek wedhok ngentutan."

"Oh, ngono ta... Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbalikko rene maneh," jare dokter.

Pas wes seminggu, Yuk Jah mbalek maneh neng doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cuma entutku saiki kok ambune malah bosok gak karuan. Tapi, untunge entutku sek ora muni," jare Yuk Jah.

""Berarti saiki irunge sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki yo?" jare doktere.

"Obat opo maneh iku dok?" takok Yuk Jah.

"Obat kopok..." Jarene Dokter mangsuli.


Njlentrehake Karakteristik Teks Anekdot Kabandhingake karo Teks Liyane


Akeh sing ngarani yen teks anekdot iku mung padha karo teks humor, kamangka sejatine beda. Sanajan padha mujudake teks kang isine guyonan, teks anekdot nduweni drajad kang luwih dhuwur yen kabandhingake karo teks humor. 

Iku jalaran teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok. Dadi, ora kleru, yen ana kang ngarani teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter.

Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, gatekno bedane ingin ngisor iki.

Bedane Teks Humor karo Teks Anekdot

Karakterisrik Teks Anekdot

1. Guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan
2. Isine nyritakake lelakone paraga utowo wong penting
3. Mupangate minangka sarana kritik sosial lan hiburan

Karakterisrik Teks Humor

1. Guyonane lugu/wantah
2. Isine nyritakake lelakone paraga/wong biasa
3. Mupangate minangka sarana lelopur utawa hiburan

Baca juga: Cara Menjadi Orang Kaya

Latihan Soal

Sabanjure, supaya siswa luwih paham ngenani bedane teks anekdot karo teks humor. Wacanen teks ing ngisor iki kanthi patitis, banjur wangsulana pitakon-pitakone.

Teks 1

Gara-Gara Tegesan Rokok

Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka partai EDST (Isuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketali, mula budhal saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijazah SMP.

Ananging mbuh piye carane, sing nyata saiki jenenge Bandhot malah dadi dawa, yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si.

Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile.

Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, "Opo sampeyan ora sadhar yen ngelanggar aturan?"

"Aturan apa sing taklanggar?" Bandhot balik takon karo malang kerik.

"Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhedhane gedhe, sampeyan bisa ditahan!" Petugas mangsuli karo nesu.

Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, "Ooo... sepurane, rokokku ceblok."

"Ati-ati aja nganti ceblok maneh!" jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.

Teks 2


Gara-Gara Ora Bisa Turu

Nalika lagi ngawa ujian kenaikan kelas, guru nggatekake salah siji murid sing mripate katon abang daln bola-bali angop merga ngantuk. Lembar jawaban ing meja murid iku isih katon resik durung ditulisi apa-apa, kejaba jeneng lan nomer ujiane.

Guru banjur nyedhak karo takon, "Sirahmu kok theklak-thekluk, ngantuk ya?"

"Ngapunten pak, wau dalu kulo mboten saged tulem," jawabe murid tanpa tidha-tidha.

"Yen mengkono, ujianmu diundur minggu ngarep wae!" Pak Guru duka karo mentheleng.

Mak gragap, murid iku kaget jalaran ora nyangka yen pak guru bakal ngedhika mengkono. Kanthi diwanek-wanekake murid nyuwun pirsa marang guru, "Kenging menapa kok mekaten?"

"Hla, yen turu sing ora mbutuhake pikiran wae ora bisa, apamaneh nggarap ujian? Mesti tambah ora bisa!"

"Ha...??" Murid iku mlongo ora bisa ngomong apa-apa.

Baca juga: Cara Melupakan Mantan Saat Masih Sayang

Kanggo nemokake bedane, jangkepana tabel lan wangsulan pitakon ngisor iki!

1. Jangkepana karakteristik teks kanthi irah-irahan "Gara-Gara Tegesan Rokok" iki!

Karakteristik Teks

Guyonan ngandhut wewarah saka tokoh penting; wonten wejangan

Bukti kutipan teks/keterangan

"Ooo... sepurane, rokokku ceblok."
"Ati-ati, aja nganti ceblok maneh!"

Asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng ing Singapura.
Dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan


2. Kanthi mengkono, teks kanthi irah-irahan "Gara-gara tegesan rokok" kalebu teks apa?

Teks iku kalebu teks anekdot


3. Jangkepana tabel karakteristik teks kanthi irah-irahan "Gara-gara Ora Bisa Turu" iki!

Karakteristik Teks

Guyonan kang nganggo humor saka wong biasa

Bukti kutipan/keterangan

"Hla... yen turu sing ora mbutuhake pikiran wae kowe ora bisa, apamaneh nggarap ujian? Mesti tambah ora bisa!"
"Ha?? Murid iku mlongo...


4. Kanthi mengkono, teks kanthi irah-irahan "Gara-gara Ora Bisa Turu" kalebu teks apa?

Teks iku kalebu teks humor

You may like these posts

1 comment

  1. Mokhamad Nurul 'Izza
    bapak sare kulo siram, pak e kembloh digrujuk anake
  1. To insert a code use <i rel="pre">code_here</i>
  2. To insert a quote use <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. To insert a picture use <i rel="image">url_image_here</i>