-->

Struktur Teks Drama Tradhisional Bahasa Jawa dan Contohnya

Struktur Teks Drama Tradisional Bahasa Jawa

Struktur teks drama tradisional dalam bahasa jawa

Struktur teks naskah drama tradhisional bisa disumurui liwat unsur instrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka:

1. Tema

Tema ingin struktur teks drama tardisional basa jawa, yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan drama tradhisional.

2. Alur

Alur yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran drama tradhisional. Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya ngambra-ambra. Wusana lagi tinemu dalan kanggo mungkasi crita, gumantung marang urutan critane. Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur mundur, lan alur campuran.

Baca juga: Pengertian dan Contoh Geguritan Bahasa Jawa

3. Setting/latar

Setting utawa latar, yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi. Mula sabanjure setting kabedakake dadi telu, yaiku:

  • setting waktu
  • setting panggonan; lan
  • setting swasana.

4. Penokohan

Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi paraga utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh.

5. Amanat

Amanat, yaiku pesan moral kang kinandhut ing crita utawa pementasan drama tradhisional. Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi tuntutan tumrap sapa bae kang nonton.

Contoh Teks Drama Tradhisional 7 Tokoh

Contoh teks drama ing ngisor iki megunakake 7 tokoh, dados diarani contoh teks drama bahasa jawa tujuh tokoh. Tokoh utamane, yaiku:

  1. Bandung Bondowoso
  2. Prabu Damarmaya
  3. Prabu Gupala
  4. Dewi Candrawati
  5. Rekayana Patih
  6. Emban 1
  7. Emban 2

Teks Drama Bahasa Jawane siso Disemak Miturut Teks Ngisor Iki!

Bandung Bandawasa

Kacarita nata Pengging iya Prabu Damarmaya, ratu wicaksana berbudi laksana. Para kawulane padha sumuyud. Sepi ing pamrih rame ing gawe. Nuju ing dina pasewakan during nganti purna anggone imbal wacana, dumadakan katekan tamu kang tanpa kanyana-nyana. Kagyat sang Prabu mulat kasar. Enggal-enggal sang Prabu ngendhika kanthi trawaca.

Prabu Damarmaya     : “Hee kisanak, sap abaya aranmu, saka ngendi lan ngemu karep apa dene teka ing paseban?

Prabu Gupala           : “Jenengku Prabu Gupala, saka Negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kaene ngemu karep nedya marang diyah Ayuh Dewi Candrawati. Piye? Candrawati dadi garwaku, dadi prameswari Wanasegara, sugih bandha. Dhasar ratune sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning pandhe.” (karo ngguyu lakak-layak)

Prabu Damarmaya      :”Heemmm, Prabu Gupala, ngertiya yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”

Prabu Gupala           : “Ah! Kapan olehe dadi manten? Aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula sanajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dagawe karang abang. Pengging dak byuki bathang sayuta.” (Sang Prabu Damarmaya entek kasabaren, nuli menyat lan ngendika semu duka)

Prabu Damarmaya    : “We, lha kudu karepe dhewe iki. Gupala! Sira pancen murang tata. Bebasan sadumuk bathuk sanyari bumi, dak belani tekan ing pati!”

Prabu Gupala           : “Dakladeni saben polahmu, yen pancen kowe wis ora kepengin ndeleng srengene lawan rembulan! (Prabu Gupala metu, sumsul prajurit Wanasegara sing wis siyaga ing jaban kraton)

Prabu Damarmaya    : “Rekyana patih, enggal siyaga gelar sepapan. Adepana prajurit Wanasegara!”

Rekayana Patih        : “Sendika dhawuh, gusti!”

Prabu Damarmaya     : (Prabu Damarmaya paring wangsit marang ingkang garwa), “Dhiajeng Candrawati, pama-dipama jabang bayi mengko lahir, enggal susulna ing madyaning palagan. Wis ingsun pamit, muga samya rahayu Diajeng.” (Prabu Damarmaya banjur jengkar, nututi Prabu Gupala ing tengahing palagan).

Panggung (Sajroning Keputren)(Dewi Candrawati nglairake jabang bayi kakung. Keprungu tangise bayi, Para emban umyek ngladeni sang dewi lan ngupakara jabang bayi)

Emban 1       : “Dhuh, Sang Dewi, Kulo mboten kuwawi mbopong kang putra. Awit awrat sanget.”

Emban 2       : “Inggih, ndara. Keng putra angengipun, dhuh! Kados…. Emmmmm…”

Sang Dewi     : “Kados kepriye, kaya apa, Biyung Embang?”

Emban 2       : “Emmmm….! Mboten kok ndara…”

Sang Dewi     : “Aja clometan biyung, ora becik!” (Sang Dewi enggal-enggal ngemban bayi, dene emban 1 lan Emban 2 padha sikut-sikutan, padha dene nyalahake tumindhake)“Biyung sakloron, aku dherekna sowan kangmas Prabu Damarmaya.”

Emban 1       : “Lho, Gusti Putri kados pundi? Keng raka rak nembe wonten ing palagan. Punapa…?”

Sang Dewi     : “Ora apa-apa biyung, awit Gustimu wis dhawuh, samangsa jabang bayi lair, enggal-enggal kasowanake ing ngarsane Gusti Prabu. Wis ayo…!”

Emban 1, 2    : (Matur Bareng) “Kasinggihan Gusti Putri. Mangga kula dherekaken.”(Dewi Candrawati nyowanake si Jabang Bayi marang Sang Prabu Damarmaya).

Prabu Damarmaya    : “Lho, prajurit kae Gusti Putrimu papagen!”

Prajurit                            : “Ngestokaken dhawuh Gusti.” (Prajurit banjur mapak Sang Dewi, didherekake sowan Sang Prabu Damarmaya ing pondhok palereman)

Prabu Damarmaya    : “Kene, kene Yayi Dewi. Ana apa?”

Sang Dewi               : “Nyuwun pangapunten kangmas, sajengkar paduka, boten watawis dangu jabang bayi lair. Keparenga kula nyowanaken keng putra kangmas?”

Prabu Damarmaya    : “Iya….iya… kene..kene… Kakung apa putri, Yayi Dewi?”

Sang Dewi               : “Kakung kangmas.”

Prabu Damarmaya    : “Kakung? We lha, iya, kene dakboponge.” (Prabu Damarmaya banget bungahe awit putra kang dianti-anti wus lair kanthi slamet. Jabang bayi banjur kasawung)

Prabu Damarmata     : “Yayi Dewi, Para nayaka praja, dalah para prajurit, seksanana yen putraku iki dakaparingi asma Bandung.” (Soraking para nayaka lan para prajurit mbata rubuh awit senenge)“He Bandung, kowe besuk bakal dadi satriya pinunjul.” (Prabu Damarmaya kaget awit si Jabang Bayi musna saka tangane. Prabu Damarmaya lan Dewi Candrawati padha tangisan. Getun.)

Prabu Damarmaya    : “Para nayaka dalah para prajurit, padha rungokno, aja pisan-pisan, nyawung jabang bayi. Eing-elingen prastawa iki!”

Prabu Gupala           : (Ngguyu lakak-lakak awit bisa ngrebut jabang bayi saka tangan mungsuhe)
“Huha…ha…hahahahahh…!! Yen iki mati, Damarmaya tansah nggetuni. Bakal unggul yudaku. Ya… aja takon dosamu, Damarmaya… hahahahah…!
(Bandung dicandhak sikile loro pisan, disabetake ing watu, Press! Bandung dibanting, bruuugg…!)
“Modar kowe, Bandung. Sedhela maneh bapakmu nusul kowe.”
(Prabu Gupala mbengok, tangane malang kadhak, kaget yen bayine wutuh, ora apa-apa. Tatu wae ora, kepara ngguyu, rumangsa dililing)
“Lho….kurang ajar! Kowe… ora mati? Oooooo dakbanting kowe!”
(Prabu Gupala mbanting Bandung bola-bali nganti kesel dhewe. Nanging anehe saben dibanting, awake Bandung saya tambah gedhe. Tan saya muntap nesune)
“Setan alas! Sida dakuntal kowe.”
(Bandung disaut utusane Dewa banjur digawa menyang Kahyangan.)

Dewa           : “Hee.. Bandung, jeneng sira dakparingi piyandel, aji jaya kawijayan, enggal muliha sabyantu ramamu, Prabu Damarmaya ing Pengging. Ing kana lagi ana ontran-ontran! Minangka tetenger, sira dakparingi jeneng tambahan Bandawasa.”

Bandung       : “Sendhika dhawuh. Nyuwun tambahing pangestu.” (Bandung banjur muliah menyang Pengging, sowan ingkang rama)

Prabu Damarmaya    : “Bocah bagus, sapa sejatine sira iku. Saka ngendi, lan duwe karep apa?”

Bandung                 : (Kaget. Ora ngira yen mangkono tanggepane ramane)“Kulo Badung Bandawasa, putranipun Prabu Damarmaya kaliyan ibu Candrawati ing Pengging.

Prabu Damarmaya    : “Ndomblong karo mirsani garwane)“Bandung Bandawasa, nalika semono ingsun pancen nate kagungan putra, nanging musna saka boponganku. Ewasemana sira aja sumelang. Lamun bisa nyirep paprangan iki kanthi mikut Prabu Gupala ateges sira putraku. Nanging yen ora bisa, sira sun patrapi pidana pati. Apa sira sanggup?”

Bandung Bandawasa : “Inggih, kula sanguh Gusti, nyuwun pangestu.” (Bandung Bandawasa klakon adhep-adhepan klawan Prabu Gupala)

Prabu Gupala           : “Hee bocah bagus, luwih becik kowe muliha. Prabu Damarmaya wae ora kuwagang ngasoraken aku, apa maneh bocah wingi sore.”

Bandung Bandawasa : “Aku gelem bali yen wis nigas gulumu.”

Prabu Gupala           : “Oooo… iki wong gendheng. Dibedhil ora njodel, ditumbak lakak-lakak. Dakremet-remet dadi glepung.”

Bandung Bandawasa : “Sumbarmu kaya bisa mecah-mecaha wesi gligen, aku ora mundur sapecak.”

Prabu Gupala           : “Pancen, kowe bocah kendel. Ayo majuwa!”(Bandung Bandawasa lan Prabu Gupala perang tandhing. Adu karosan, adu kaprigelan, adu aji jaya kawijayan. Wusanane Prabu Gupala tumekaning pralaya ing tangane Bandung Bandawasa)

You may like these posts

  1. To insert a code use <i rel="pre">code_here</i>
  2. To insert a quote use <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. To insert a picture use <i rel="image">url_image_here</i>