-->

Pengertian, Struktur, dan Parafrase Geguritan ing Basa Jawa Lengkap

Pengertian geguritan dalam bahasa jawa

Pengertian geguritan ing basa jawa

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan.

Endahing geguritan dumunung ing:

a. Pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi.

b. Nggunakake wirama utawa lagune

c. Busanane basa kangmaneka warna

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu digatekake yaiku:

a. Mangerti isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake

b. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane

c. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi wing trep

Yen ngrungokake geguritan utawa maca dhewe sawijining geguritan, ing batin bakal tuwuh rasa kepingin mangerteni isine. 

Semono uga pesene panggurit lan piwulang kang disampekake panggurit kanggo wong kang gelem maca anggitane, bakal bisa kanggo nambah wawasan lan diwasane kita ing urip bebrayan iki.

Kanggo mangerteni isine geguritan lan piwulangan sing dipesenake panggurit, awake dhewe kudu negesi rwmbung-tembung sing digunakake ing geguritan mau.

Struktur isine geguritan

Geguritan (puisi jawa gagrag anyar) iku panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya tembang macapat. Senajan ta sipate bebas, nanging isih tetep ngugemi nananing rasa kaendahan. 

Dene kendahane geguritan iku dumunung ana ing:

1. Pilihane tembung mentes lan mantesi

2. Tata rakite ukara lan wewujudane (topografine) cocog karo isine karangan

3. Nggunakake wirama lan lelewane basa

Ngrungokake geguritan iku pancen nyenengake banget menawa sing maca wis nduweni kaprigelan khusus ing babagan maca guritan.

Isi kang kinandhut jroning geguritan iku sejatine nggambarake panguripane manungsa gesang ing bebrayan, mung wae anggone nggabarake sarana karengga mawa basa endah.

Unsur lan basa geguritan

Unsur-unsur geguritan ing bahasa jawa, yaiku unsur kang kakandhut ing geguritan yaiku unsur intrinsik. Kang kagolong unsur intrinsik ing geguritan yaiku:

1. Tema

Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Tuladha tema yaiku: Ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, demokrasi, lan tema keadilan sosial.

Sawijining geguritan terkadang ngandhut kabeh tema mau, jalaran geguritan pancen linuwih ing makna.

2. Citraan

Gambaran angen-angen utawa imanijasi panganggit kang kalairake liwat indra. Gambaran angen-angen iku ana kalane kasil liwat indra pandeleng, indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra panggada.

3. Diksi

Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggi ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. 

Dene tembung-tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif), tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.

4. Kabahasaan

Liwat asil karyane panganggit uga kepingin ngandharake rasa pangrasane. Kanggo nggayuh pepinginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih tembung-tembung kang dironce saengga mujudake ukara kang ngandhut lelewaning basa utawa lumrah diarani gaya bahasa.

Tuladha lelewaning basa utawa gaya bahasa:

a. Personifikasi

Gaya bahasa personifikasi mujudake tumindake samubabrag kadidaene manungsa, bisa ngrasajaje bungah utawa seneng, gumuyu, lumake, gegojegan, lan sapanunggalane.

b. Metafora

Gaya bahasa metafora, minangka srana tumaping panganggit kanggo mbudidaya supaya para maso kanthi gamblang anggone mbayangake gegambaran kang kinandhut ing sajroning geguritan.
Mbandingake sawijining barang marang barang liyane kang nduweni sifat padha.

c. Repetisi

Gaya bahasa repetisi digunakake dening panganggit nalika kepingin njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan-mbaleni tembung.

5. Latar

Latar kanggo nggambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan.

Nangkep nilai, pesen, lan amanat jroning geguritan

Supaya bisa nangkap anane nilai, pesen, amanat kang kinandhut jroning geguritan bisa dideleng utawa ditilik saka: pilihane tembung swasana kang kagambarake, wiramane geguritan, kepriye imajine panggurit, lan liyan-liyane.

Ing sajroning geguritan, menawa ditilik saka: pilihane tembung, swasana kanng kagambarake, wiramane guritan, kepriye imajine panggurit, lan liyan-liyane, bisa diterangke kaya ing ngisor iki.

a. Pilihane tembung

- Apa sing dikarepake tembung 
- Geneya nggunakek tembung

b. Swasanane

Misal, apa sambung rakete swasana kang kagambarake jroning "Samengko lagi rumangka papa". Ukara kasebut nggambarake swasana kang kepriye?

c. Wirama utawa lelewane basa

Kepriye penganggone purwakanthi jroning geguritan kasebut. Lan kepriye basa kang kagunakake kanggo nambahi kaendahane geguritan?

d. Imajinasi utawa pengangen-angene panggurit

Kepriye imajine panggurit jroning nglairake gagasaran supaya sapa wae sing maca guritan iku bisa ngrasakake bab-bab kang kagambarake?

Banjur kepriye carane panggurit supaya sapa wae sing maca kaya-kaya bisa weruh lan ngalami dhewe lelakon kang kagambarake groning guritan kasebut?

Kanthi cara kaya ing ndhuwur kira-kira bisa luwih gampang anggone nggoleki nilai, pesen, lan amanat jroning guritan.

Urut-urutani pun damel nulis geguritan

Geguritan saged kawastanan puisi bebas, sebab langkung mardika (cacahing tembung, larik) boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang.

Sanajan ukaranipun kathah nanging maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel sengkorongan (kerangka) utawi boten.

Urut-urutanipun damel geguritan umpaminipun:

1. Nemtokaken tema

2. ilih irah-irahan (judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak aos/mentes.

3. Milih tetembungan ingkang sae

4. Antawisipun irah-irahan lan isi, kedah wonten sambungipun

5. Saged migunakaken purwokanthi, basa lan susastra

Kadamela geguritan ingkang temanipun ing ngandhap menika, saged milih salah setunggal:

1. Kabudayan/kesenian

2. Kaendahan

3. Katresnan

4. Perjuwangan

Maca geguritan

Maca geguritan iku satemene duweni supaya wong kang krungu, ngrungakake kanthi ati kang wning supaya bisa mangerteni makane gegurtian kasebut. Mula sapa wae kang arep maca geguritan wes samestine maknani geguritan luwih dhisik.
Amarga maca geguritan tanpa mangerteni isine anggone maca bakal sasar susur ora karuan.

Bab cak-cakane maca geguritan kang paling becik iku kanthi solah bawa/patrape dhewe-dhewe, ora niru utawa nyonto solah bawa lan patrape wong loya. Awit menawa maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa ngilangi konsentrasi.

Baca juga: Website Jual Foto dan Desain Grafis

Cak-cakan utawa praktik maca geguritan 

Saora-orane nyakap patang prakara, yaiku:

1. Olah swara (olah vokal)

Olah swara iki sesambungan karo kedaling lesa, tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang digunakake prayoga menawa swara pandharaan, dudu swara saka dhadha amarga yen swara dhadha kurang manteb lan napase kurang kuat.

2. Penampilan

Maca geguritan iku kudu nggatekake solah bawa, ekspresi, lan jiwane geguritan, umpamane isine geguritan iku sedig, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedih.

Samono uga yen isine bab semangat juang kang greget ya ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandehs, lan makantar-kantar.

3. Sambung (Komunikatif)

Menawa maca geguritan iku antarane kang maca lan ngrungokake kudu nyawiji, tegese maca tanpa ana kang ngrungokake ora guna.
Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca ya ora bakal kelaksana.

4. Sarana

Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah "nges". Sarana bisa awujud mik (pengeras swara), panggung, gendhing, lan sapanunggale.
Kanggo luwih nggampangake anggone mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku kanthi cara menehi tanda mandheg:

a. Tanda ( / ) kanggo ngatine tanda koma, karepe mandheg sadhela.

b.Tanda ( // ) kanggo nagtine tandha titik, karepe mandheg.

c. Tanda ( = ) karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandhek.

Baca juga: Tips Menang Lomba Blog

Nggancarake geguritan (Memparafrase puisi)

Nggancarake geguritan tegese nyalin geguritan kang rupa basa pinathok (puisi) dadi basa gancaran (prosa). Murih bisa nggancarake geguritan mula kudu nindakake kaya ngisor iki:

a. Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi tembung-tembung kawi, bisa digoleksi ing bausastra/kamus.

b. Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane sing wis tinulis ing ukara.

c. Nggoleksi dudutan/kesimpulan saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine pada/bait.

d. Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining pada

e. Sawise bisa nemtotake gagasan baku (ide pokok) ing saben-saben pada/bait, banjur nggathukake ing antarane gagasan baku pada siji karo pada liyane.

f. Saka gagasan-gagasan baku mau bisa disimpulake gagasan baku sing paling wigati kang mujudake pesen utawa amanat sing kinandhut ing gegurtian kasebut. 

Contoh-contohe geguritan lengkap anak ing rangkuman artikel Pengertian dan Contoh Geguritan dalam Bahasa Jawa

You may like these posts

  1. To insert a code use <i rel="pre">code_here</i>
  2. To insert a quote use <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. To insert a picture use <i rel="image">url_image_here</i>